Panjul, Si Jomblo Ngenes (#3)
Kisah #3. NEIGHBOORHOOD WATCH
Parman : Saiki awake dewe kon menggalakkan 'neighboorhood watch' lho, Njul.
Panjul : Opo meneh kuwi, Man. Istilah jaman saiki kok marai ilatku muntir. Neyber...halah opoooo... .
Parman : Lha mbuh. 'Neighboor' kuwi lak artine tonggo. 'Watch' kuwi artine nonton utawa ngawasi. Mungkin karepe kon ngawasi tonggo teparo.
Panjul : Oh, mangsude kon ngawasi tonggone ngunu to? Lha mben dino aku wes ngawasi tonggo kok, Man.
Parman : Lha yo apik kuwi. Yo, ngono kuwi yae karepe. Ngomong-ngomong, sopo sing kok awasi, Njul?
Panjul : (nggaruk-garuk irung). Nganu, Man ... Nganu ... Ngawasi Mbak Mila garwane sampeyan. Soale uayu tenan je... .
Parman : Dasar jomblo ngenes!! Uwasyuu...#$-@+$(#'&#;!$@##!!!!!!
Kalasan, 12.01.2017.
#johanaocta
Komentar
Posting Komentar